Philippians 2:12 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
He para sadulur kang kinasih, kowe iku tansah padha mituhu, mulane padha tansah udinen karahayonmu kalawan wedi lan geter, ora mung kaya nalikane aku isih ana ing tengah-tengahmu, nanging luwih-luwih saiki ing wektu aku adoh karo kowe;
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur sing tak trésnani! Kowé semono uga, kaya enggonmu pada manut marang Gusti Allah dongé aku ijik tyampur karo kowé, luwih perlu saiki, suwéné aku adoh karo kowé. Mulané, kowé kudu nglumui ngudi keslametané uripmu sak kabèhé. Enggonmu nindakké kuwi kudu karo ati sing wedi lan ngajèni marang Gusti Allah, awit Dèkné sing nyambutgawé ing uripmu. Dèkné sing ngekèki karep lan kapinteran marang kowé kanggo nglakoni apa sing dikarepké karo Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para sedulur sing ditrésnani, kowé kuwi tansah pada manut, mulané pada tansah ngupayaa keslametanmu karo wedi lan gemeter, ora mung kaya wantyi aku ijik ing sak tengahmu, nanging luwih-luwih saiki ing wantyiné aku adoh karo kowé;