Philippians 3:5 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
ditetaki ing dina kang kawolu, trahe bangsa Israel, saka taler Benyamin, wong Ibrani tulen, kawawas saka angger-anggering Toret aku wong Farisi,
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wujuté aku ya disunati dongé aku nduwé umur wolung dina. Aku lairan sangka bangsa Israèl, turunané Bapa Bènyamin. Dadiné aku ya wong Ju sing tus. Lan menèh, ing babakan adat-tata-tyarané lan wèt-wèté agama aku ya ora sembrana, jalaran aku mauné wong Farisi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Disunati ing dina sing kaping wolu, turunané bangsa Israèl, sangka taler Bényamin, wong Ibrani tulèn, kanggo panemuku bab angger-anggeré Torèt aku wong Farisi,