Philippians 4:1 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awit saka iku sadulur-sadulurku kang daktresnani lan kang dakkangeni, kang dadi kabungahanku lan makuthaku, padha disantosa ana ing Gusti, he sadulur-sadulurku kang kinasih.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané sedulur-sedulurku sing tak trésnani lan sing tak kangeni tenan, sing nggawé bungahé atiku lan sing tak gawé pamèran, sembarang sing tak omong kuwi mau kudu mbok pikir sing apik. Karepku kowé kabèh bisaa kentyeng nggondèli Gusti.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit sangka kuwi sedulur-sedulurku sing tak trésnani lan sing tak kangeni, sing dadi kabungahanku lan makutaku, pada sing kendel ing Gusti, hé sedulur-sedulurku sing ditrésnani.