Philippians 4:18 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saiki aku wus tampa kabeh kang prelu saka kowe, malah luwih saka iku, aku kaluberan, awit aku wus tampa kirimanmu lumantar Epafrodhitus, pisungsung kang arum, korban sesaosan kang nengsemake lan ndadekake renaning Allah.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané aku kepéngin ngabari nèk kirimanmu wis tak tampa kabèh lan pawèhmu okèhé malah ngungkul-ungkuli sing tak butuhké. Kirimanmu sing digawa karo sedulur Epafroditus wis tak tampa lan saiki aku wis ora kekurangan apa-apa. Pawèhmu kuwi anggepen pawèh marang Gusti Allah, pawèh sing énak ambuné kaya kurban sing disenengi karo Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saiki aku wis nampa kebutuhanku sangka kowé, malah luwih sangka kuwi, aku kalubèran, awit aku wis nampa kirimanmu lantaran Epafroditus, pisungsung sing apik, kurban sing nyenengké lan ndadèkké senengé Gusti Allah.