Psalms 40:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dhuh Yehuwah Allah kawula, sampun kathah ingkang Paduka tindakaken, pakaryan Paduka ingkang elok saha karsa Paduka tumrap kawula sadaya, boten wonten ingkang saged kajejeraken kaliyan Paduka. Kaelokan Paduka badhe kawula cariyosaken saha kawula ucapaken, nanging manawi kaetang kakathahen sanget cacahipun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Duh, Gusti Allah kula, GUSTI wis okèh sing Panjenengan tandangi, penggawéané Panjenengan sing nggumunaké lan karep Panjenengan kanggo kita, ora ana sing bisa dijèjèrké marang Panjenengan. Mujijaté Panjenengan bakal kula tyritakké lan kula omongké, nanging yèn diitung kokèhan banget tyatyahé.