Psalms 55:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saupami mengsah kawula ingkang ngawon-awon kawula, kawula taksih saged sabar. Saupami ingkang sengit dhateng kawula ingkang ngegungaken dhiri wonten ing ngajeng kawula, kawula taksih saged singidan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn mungsuh kula sing ngèlèk-èlèkké kula, kula ijik bisa sabar. Yèn sing sengit marang kula sing nyombongaké urip ing ngarep kula, kula ijik bisa ndelik.