Psalms 57:2 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kawula mugi Paduka welasi, dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, awit namung Paduka ingkang dados pangaubaning nyawa kawula; kawula ngayom wonten ing sangandhaping swiwi Paduka, ngantos bebaya punika sampun mengker.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kula supaya Panjenengan welasi, duh Gusti Allah, kula supaya Panjenengan welasi, awit mung Panjenengan sing dadi pangayomané nyawa kula; kula ndelik ing ngisoré swiwi Panjenengan, nganti bebaya kuwi wis lunga.