Revelation 12:1 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing langit tumuli katon tengeran gedhe: Ana wanita kang sinandhangan srengenge, lan rembulan ana ing sangisore tlapakane sarta nganggo makuthane lintang rolas ana ing sirahe.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nang langit terus kétok ènèng rerupa sing nggumunké. Enèng wong wédok nganggo salin srengéngé ngadek, mbulané nang ngisoré sikilé lan nang sirahé nganggo makuta sing ènèng lintangé rolas.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus ana tanda gedé kétok ing langit: Ana wong wadon nganggo salin srengéngé, lan mbulan ing ngisoré sikilé lan nganggo makuta lintang rolas ing sirahé.