Revelation 14:3 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iku padha ngidungake kidung anyar ana ing ngarepe dhampar lan ing ngareping makluk papat tuwin para pinituwa iku, lan ora ana wong kang bisa nyinau kidung iku, kajaba mung wong satus patang puluh papat ewu kang wus padha katebus saka ing bumi iku.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nang ngarepé dampar lan nang ngarepé kauripan papat, uga nang ngarepé para pinituwa sing nang sak ubengé dampar mau wong satus patang puluh papat èwu pada singi kidung anyar. Ora ènèng sing bisa blajar kidung mau, kejaba namung wong satus patang puluh papat èwu sing wis dislametké sangka bumi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kuwi pada ngidungké kidung anyar ing ngarepé dampar lan ing ngarepé kéwan papat lan para pinituwa kuwi, lan ora ana wong sing bisa nyinau kidung mau, kejaba mung wong 144.000 sing wis pada ditebus sangka bumi.