Revelation 17:3 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sajrone aku kalimputan ing Roh aku kagawa menyang ing pasamunan. Ing kono aku weruh ana wong wadon nunggang kewan abang sulak wungu, kang awake sakojur kacirenan jeneng-jeneng panyenyamah. Endhase pitu lan sungune sapuluh.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Ing pangwasané Roh Sutyi aku digawa nang wustèn karo mulékat mau. Nang kono aku weruh ènèng wong wédok numpak kéwan sing rupané abang mbranang. Kéwan mau awaké sak kujur kebek karo tulisan sing ngolok-olok marang Gusti Allah. Kéwan kuwi endasé pitu lan sunguné sepuluh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing sak njeruhné roh aku digawa menyang ara-ara samun. Aku weruh ana wong wadon numpak kéwan abang rodok wungu, sing awaké kebak tulisan jeneng-jeneng ngolok-olok. Kéwan kuwi endasé pitu lan sunguné sepuluh.