Revelation 17:8 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kewan kang kokdeleng iku maune ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng, sarta marani ing karusakan. Anadene para kang manggon ana ing bumi, kang jenenge ora katulisan ing buku kauripan wiwit jagad tinalesan, iku bakal padha kaeraman, samangsa padha weruh si kewan, dene maune ana saiki ora ana, mangka bakal ana maneh.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kéwan sing mbok sawang kuwi mauné ènèng, nanging saiki ora ènèng. Kéwan kuwi bakal njedul sangka jurang peteng lan bakal dirampungké. Lah para manungsa sing manggon nang bumi, sing jenengé ora ketulis nang Buku Panguripan sakdurungé jagat digawé, nèk pada weruh kéwan mau bakal pada nggumun. Awit kéwan kuwi mbiyèn ènèng, saiki ora ènèng, nanging bakal njedul menèh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kéwan sing kok deleng kuwi mauné ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedul sangka panggonané jurangé pati, lan bakal ngalami rusak. Lan para sing manggon ing bumi, sing jenengé ora ketulis ing kitab panguripan wiwit jagat digawé, kuwi bakal pada nggumun, yèn pada weruh kéwan kuwi, nanging mauné ana, saiki ora ana, nanging bakal ana menèh.