Revelation 18:19 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Banjur padha nguwur-uwuri lebu ing sirahe, sarta nguwuh-uwuh kalawan nangis lan sesambat pangucape: “Cilaka, cilaka kutha gedhe, kang raja-penine dadi marganing kasugihane sakehe wong kang duwe prau ana ing sagara, awi wis rusak sajrone sajam bae.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Sirahé terus disawuri lemah ngétokké nèk susah. Terus pada nangis lan sambat: “Aduh, tyilaka temen kuta gedé iki! Kasugihané wis nggawé sugihé sakkèhé juragan kapal. Nanging sakjeroné sak jam wis ilang kabèh.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus pada nyawur-nyawurké lebu ing sirahé, lan nyuwara banter karo nangis lan sambat tembungé: “Tyilaka, tyilaka kuta gedé, sing njalari sak kabèhé wong sing pada nduwé kapal ing segara, wis dadi sugih karo dagangan sing larang, awit kuta kuwi wis lebur ing sak njeruhné sak jam waé.