Revelation 3:5 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sing sapa unggul, iku bakal dienggoni sandhangan putih kaya mangkono; lan jenenge mesthi bakal ora Sunbirat saka ing buku kauripan, sarta jenenge bakal Sunakeni ana ing ngarsane RamaningSun lan ing ngarepe para malaekate.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Sapa sing mantep terus bakal dienggoni salin putih lan jenengé wong kuwi mau ora bakal tak ilaki sangka buku panguripan. Aku malah bakal ngakoni marang Bapakku lan para mulékaté, nèk wong kuwi wèkku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sapa sing menang, kuwi bakal dienggoni sandangan putih kaya mengkono; Aku bakal ora ngilangi jenengé sangka kitab panguripan, nanging aku bakal ngakoni jenengé ing ngarepé Bapak-Ku lan ing ngarepé para mulékaté.