Revelation 4:9 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene makluk mau saben-saben padha ngunjukake pamuji lan pakurmatan tuwin puji sokur marang Panjenengane kang lenggah ing dhampar lan kang gesang langgeng ing salawas-lawase,
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Lan saben-saben nèk kauripan papat mau ngetokké tembung pamuji, kahurmatan lan maturkesuwun marang sing njagong nang dampar lan sing urip langgeng slawas-lawasé, para pinituwa patlikur pada sujut nang ngarepé sing njagong nang dampar mau, nyembah sing urip langgeng slawas-lawasé. Pinituwa patlikur mau terus nyèlèhké makutané nang ngarepé dampar mau karo ngomong:
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saben-saben kéwan mau pada nyanyi pamuji lan panghurmatan lan maturkesuwun marang Panjenengané sing njagong ing dampar lan sing urip langgeng ing sak lawas-lawasé,