Revelation 5:9 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sarta padha ngidungake kidung anyar, tembunge: “Paduka sembada nampeni gulungan kitab punika sarta ngletheki segelipun; amargi Paduka sampun kapragat lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben golongan saha basa tuwin bangsa miwah umat kagem Gusti Allah,
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Terus pada singi kidung anyar, tembungé: “Kowé pantes nampa buku gulungan lan nglèntèk ségel-ségelé. Awit Kowé wis dipatèni lan nganggo patimu Kowé wis nebus manungsa sangka saben taler, saben basa, saben negara lan bangsa, kanggo Gusti Allah. Wong-wong mau mbok dadèkké turun-turunané ratu, dadi imam-imam sing ngladèni Gusti Allah, sing uga bakal nyekel pangwasa nang bumi.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan pada ngidungké kidung anyar, tembungé: “Panjenengan wis pantes nampani gulungan kitab kuwi lan mbukaki ségelé; awit Panjenengan wis dibelèh lan karo getihé Panjenengan, Panjenengan wis nebus wong-wong sangka saben taler lan basa lan umat lan bangsa kanggo Gusti Allah.