Romans 1:10 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Aku nyenyuwun, muga-muga marga saka karsane Gusti Allah ing wekasane aku bisa oleh dalan niliki kowe kabeh.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Aku pantyèn ajek ndonga, supaya Gusti Allah ngekèki kelunggaran marang aku ndang bisa niliki kowé, awit aku jan kepéngin tenan kepetuk karo kowé. Menawa aku bisa ngedum berkah kasukman marang kowé lan menawa aku bisa nambah-nambahi pengandelmu marang Gusti.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku ndedonga, supaya sangka karepé Gusti Allah, ing pungkasané aku bisa olèh kelunggaran niliki kowé kabèh.