Romans 10:15 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan kapriye anggone padha bisa aweh pawarta bab Panjenengane, manawa padha ora kautus? Kaya kang katulisan, wiraose: “Iba anggone nyenengake tekane wong kang padha nggawa pawarta becik.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Lan kejaba sangka kuwi, kepriyé ènèng wong bisané budal ngabarké, nèk ora dikongkon karo Gusti Allah?” Para sedulur, wong sing ngomong ngono kuwi ya pantyèn ènèng beneré. Nanging wujuté Gusti Allah wis ngongkon nabi-nabi teka ngabari marang bangsa Israèl bab Gusti Yésus Kristus. Awit nabi Yésaya ya wis tau ngomong ngéné: “Wong sing teka nggawa kabar kabungahan pantyèn mbungahké tenan!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan kepriyé wong bisa ngabaraké bab Panjenengané, yèn ora diutus? Kaya sing ketulis, tembungé: “Tenan enggoné nyenengké tekané wong sing pada nggawa kabar betyik.”