Romans 11:12 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awit manawa panerak mau njalari kasugihaning jagad, lan kakurangane dadi kasugihane bangsa-bangsa liya mendahane maneh mungguh ing kasampurnane.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Dadiné salahé bangsa Israèl malah nekakké kabetyikan kanggo bangsa liya-liyané. Lah nèk tibané bangsa Israèl waé wis bisa nekakké kabetyikan, lah sepira gedéné kabetyikané Gusti Allah marang bangsa liya-liyané mbésuk, nèk bangsa Israèl kabèh bakal ditangèkké?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit yèn panerak mau tegesé kasugihan kanggo jagat, lan gagalé dadi kesugihané bangsa kapir, luwih-luwih menèh kasampurnané.