Romans 14:22 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Antepana kang dadi keyakinanmu iku tumrap awakmu dhewe ana ing ngarsane Gusti Allah. Rahayu wong kang ora ngluputake awake dhewe tumrap apa kang dianggep becik katindakake.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Pengandelmu bab apa sing kenèng lan apa sing ora kenèng dipangan kuwi kudu mbok simpen ing atimu déwé, namung kowé déwé lan Gusti Allah sing kudu ngerti. Pantyèn beja tenan wong sing bisa ngarani ing atiné déwé apa sing bener, tanpa rumangsa salah ing tembé-mburiné.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Antepana sing dadi kapertyayanmu kuwi kanggo awakmu déwé ing ngarepé Gusti Allah. Rahayu wong sing ora ngukum awaké déwé kanggo apa sing dianggep betyik sing ditindakké.