Romans 14:9 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sabab, iya iku kang dikarsakake anggone Sang Kristus seda sarta wungu maneh, supaya Panjenengane jumenenga Gustine wong mati lan wong urip.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Awit Kristus ya wis mati nglabuhi awaké déwé lan Dèkné tangi sangka pati, supaya bisa ngwasani kabèh manungsa, sing wis mati lan sing ijik urip.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit, ya kanggo kuwi Kristus wis mati lan tangi menèh, supaya Panjenengané dadi Gusti kanggo wong-wong mati uga sing ijik urip.