Romans 15:16 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
yaiku manawa aku kepareng dadi peladose Sang Kristus Yesus kanggo bangsa-bangsa saliyane bangsa Yahudi ing bab ngabarake Injile Gusti Allah, supaya bangsa-bangsa mau bisaa katampi ing Gusti Allah, minangka pisungsung kang dadi keparenge, kang kasucekake dening Roh Suci.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Aku kudu dadi peladèné Kristus Yésus nggawa kabar kabungahan marang bangsa-bangsa sing dudu Ju. Mengkono kuwi aku bisa nggawa bangsa-bangsa sing dudu Ju nang ngarepé Gusti Allah, supaya bisa ketampa lan uripé bisa kanggonan lan katuntun Roh Sutyi. Mulané aku nganggep aku iki kaya imam sing masrahké kurban marang Gusti Allah. Kurbanku sing ndadèkké bungahé Gusti Allah ya bangsa-bangsa sing dudu Ju iki.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
ya kuwi yèn aku dililani dadi peladèné Kristus Yésus kaya imam kanggo bangsa-bangsa kapir, ing bab ngabaraké Injilé Gusti Allah, supaya bangsa-bangsa mau bisa ditampa karo Gusti Allah, kanggo pisungsung sing dadi senengé, sing disutyèkké karo Roh Sutyi.