Romans 15:19 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
marga saka dayaning tandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sarta marga dening panguwaosing Sang Roh Suci. Iya mangkono iku, sajroning mider-mider wiwit saka kutha Yerusalem nganti tumeka ing tanah Ilirikum, aku wus ngabarake Injile Sang Kristus sakatoge.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kejaba sangka kuwi, Gusti Allah ngekèki pangwasa marang aku, supaya aku bisa nindakké tanda-tanda lan mujijat-mujijat kanggo manungsa. Karomenèh Roh Sutyi ngekèki kekuwatan marang aku, supaya aku bisa nindakké penggawé-penggawé sing nggumunké iki. Mengkono kuwi aku nggelarké kabar kabungahané Gusti Yésus Kristus sampèk rata, wiwit kuta Yérusalèm mlaku-mlaku nganti tekan bawah Ilirikum.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
karo kwasa rupa tanda mujijat lan karo pangwasané Rohé Gusti Allah. Ya mengkono kuwi, sak njeruhné mider-mider wiwit sangka Yérusalèm nganti tekan Ilirikum, aku wis ngabaraké Injilé Kristus sak kabèhé.