Romans 15:4 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ujer samubarang kang katulisan ing sadurunge, iku katulisan minangka piwulang kanggo kita, supaya kita ngandhemana ing pangarep-arep kalawan sabar mantep sarta kalawan gondhelan panglipur kang saka ing Kitab Suci.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, sembarang sing wis ketulis nang Kitab dèk jaman mbiyèn kuwi tujuané kanggo mulangi awaké déwé, supaya awaké déwé pada sabar lan nduwé kekuwatan nurut kekarepané Gusti Allah. Lan jalaran sangka kuwi awaké déwé bisa ngarep-arep nampa sembarang sing wis dijanji karo Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit samubarang sing mbiyèn wis ketulis, kuwi ketulis kanggo piwulang marang kita, supaya kita gondèlan kentyeng ing pengarep-arep karo sabar mantep lan panglipuran sing sangka Kitab.