Romans 3:25 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Panjenengane wus dipesthekake dening Gusti Allah dadi srananing karukunan, awit saka pracaya marang rahe. Bab iki katindakake kagem ngatingalake kaadilane, sabab Panjenengane wus ngendelake dosa-dosa kang wus kapungkur ing wektu kasabarane Gusti Allah.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging Gusti Allah wis ngongkon Gusti Yésus Kristus nglakoni pati, nyangga setrapané manungsa, supaya manungsa bisa diluwari sangka nesuné Gusti Allah lan bisa nampa pangapura sangka Gusti Allah. Getihé Gusti Yésus Kristus tumètès dongé Dèkné mati lan sapa sing pretyaya nèk getih tumètès kuwi kanggo nglabuhi manungsa, wong kuwi mesti bakal nampa pangapura lan bisa nitèni nèk Gusti Allah nindakké sing bener. Awit ing jaman sing wis kliwat Gusti Allah ora nyetrap manungsa, jalaran Dèkné kepéngin ngétokké kesabarané.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengané wis ditetepaké karo Gusti Allah dadi dalané rukunan, awit sangka pengandel marang getihé. Bab iki ditindakké kanggo ngekèki keadilané, awit Panjenengané wis ngendek dosa-dosané sing wis kepungkur ing waktu kesabarané Gusti Allah.