Romans 3:26 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Karsane yaiku kagem ngatingalake kaadilane ing jaman saiki, supaya tetelaa manawa Panjenengane iku bener, lan uga mbenerake wong kang pracaya marang Gusti Yesus.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging saiki wis tekan wantyiné Dèkné nyetrap kabèh manungsa, jalaran sangka dosané, tegesé, uga manungsa sing ing jaman sing wis kliwat disabari. Saiki bisa kétok nèk Dèkné nindakké sing bener. Lan Dèkné uga nampa kabèh wong sing pretyaya marang Gusti Yésus, dianggep bener.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Karepé ya kuwi kanggo ngekèki keadilané ing jaman saiki, supaya ketara yèn Panjenengané kuwi bener lan uga mbenerké wong sing pertyaya marang Yésus.