Romans 7:6 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
ananging saiki kita wus kauwalake saka ing angger-anggering Toret, awit kita wus padha mati tumrap kang maune ngunjara kita, satemah saiki kita leladi ana ing kaanan kang anyar, manut ing Roh, ora ana ing kaanan lawas manut ing sastrane angger-anggering Toret.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging wujuté saiki kowé wis dipedot sangka ranténé wèt-wèt sing mbanda kowé kuwi. Kanggo wèt-wèt kuwi saiki kowé wis mati. Saiki kowé nuruti kekarepané Gusti Allah nganggo dalan sing anyar, nganggo pitulungané Roh Sutyi. Dalan sing lawas, miturut wèt-wèté nabi Moses, wis ditinggal.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging saiki kita wis diowalaké sangka angger-anggeré Torèt, awit kita wis pada mati kanggo sing mauné ngukum kita, terus saiki kita ngladèni kahanan sing anyar, miturut Roh, ora ing kahanan lawas miturut ing tulisané angger-anggeré Torèt.