Romans 9:4 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sabab iku kabeh padha wong Israel kang wus kaangkat dadi putra lan wis kaparingan kamulyan tuwin prajanjian-prajanjian sarta angger-anggering Toret, apadene sarengat lan prasetya-prasetya.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wong-wong kuwi kurang apa menèh ta? Wujuté ya bangsa Israèl sing diaku anak karo Gusti Allah. Gusti Allah wis nylorotké pepadangé marang bangsa iki lan ya wis dikèki prejanjian-prejanjian. Wis dipasrahi wèt-wèté karo Gusti Allah lan wis diblajari nyembah Gusti Allah kaya sak mestiné lan ya wis dikèki janji nèk bakal diberkahi lan ditulungi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit wong-wong kabèh kuwi wong Israèl sing wis diangkat dadi anak lan wis dikèki kamulyan lan perjanjian-perjanjian lan anger-angeré Torèt, uga pangibadah lan janji-janji.