Ruth 4:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Boas wus minggah menyang ing gapura, banjur lenggah ana ing kono. Kabeneran wong kang wajib nebus kang diucapake Boas pinuju liwat. Boas banjur ngaruh-aruhi: “Lah ki sanak, sumangga panjenengan lenggah ing ngriki!” Kang diaruh-aruhi tumuli mara lungguh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Boas wis munggah menyang ing gapura, terus njagong ing kono. Ketepakan wong sing wajip nebus sing diutyapké Boas pinuju liwat. Boas terus ngaruh-aruhi: “Hé sanak sedulurku, hayuk sampéyan njagong ing kéné!” Sing ditakoni terus mara njagong.