Ruth 4:11 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sakehing wong kang ana ing gapura dalah para pinituwa banjur padha ngucap: “Inggih kula sami dados seksi, Sang Yehuwah mugi karsaa ngganjar dhateng tiyang estri ingkang badhe manggen wonten ing dalem panjenengan punika, kadadosna sami kaliyan Rakhel tuwin Lea, ingkang kalih-kalihipun sampun sami mbangun umat Israel, panjenengan dipun santosa wonten ing Efrata saha asma panjenengan misuwura wonten ing Betlehem.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kabèh wong ing gapura kabèh para pinituwané terus pada ngomong: “Ya kula pada dadi seksi, GUSTI muga gelem ndadèkké marang wong wadon sing bakal manggon ing omah sampéyan kuwi, kedadian pada karo Rahèl lan Léa, sing loro-loroné wis pada mbangun umat Israèl, sampéyan dikuwatké ing Efrata lan jeneng sampéyan bakal kajèn ing Bètléhèm.