Ruth 4:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan tangga teparone wadon tumuli padha aweh jeneng marang bayi mau, pangucape: “Naomi wus kaparingan anak lanang.” Bayi mau nuli dijenengake Obed. Yaiku ramane Isai, ramane Sang Prabu Dawud.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan tangga-teparoné wadon terus pada ngekèki jenengé marang bayiné, semauré: “Naomi wis dikèki anak lanang.” Bayiné terus dijenengaké Obèd. Ya kuwi bapaké Isai, bapaké Daved.