Song of Solomon 8:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Toya agung boten saged nyirep tresna, lepen-lepen boten saged ngentiraken. Saupami wonten tiyang ingkang ndanakaken sakathahing barang-darbekipun ingkang wonten ing griyanipun kadamel nebus katresnan, temtu namung badhe karemehaken kemawon.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Banyu gedé ora bisa nyirep trésna, kali-kali ora bisa ngéntérké. Yèn ana wong sing ngekèkké kabèh bandané ing omahé digawé nebus katrésnan, mesti mung bakal disepèlèkké.