Titus 1:12 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ana panunggalane, yaiku nabine dhewe, iku tau duwe ujar mangkene: “Wong Kreta iku salawase padha wong dora, kewan galak lan wong dremba kang kesed.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wong Kréta kono déwé sing ngerti klakuané bangsané, tau ngomong ngéné mbiyèn: “Wong Kréta kuwi seneng goroh. Klakuané kaya kéwan galak. Ora seneng nyambutgawé, namung seneng mangan.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ana tunggalé wong-wong kuwi, ya kuwi nabiné déwé, kuwi tau ngomong ngéné: “Dasar wong Kréta kuwi tukang goroh, kéwan galak lan wong murka sing kesèt.”