Titus 1:5 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane kowe daktingal ana ing pulo Kreta iku, supaya kowe mranata apa-apa kang isih prelu ditata sarta supaya kowe ngangkata pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha, kaya kang wus dakprentahake marang kowe,
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Titus, kowé tak tinggal nang pula Kréta kuwi supaya kowé ngrampungké penggawéan sing ijik kudu dikerjani. Sing penting déwé yakuwi, ing saben kuta kowé kudu milih sedulur-sedulur sing kudu dadi penuntun, ya kaya sing wis tak omong kaé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé tak tinggal ing Kréta, supaya nata apa sing ijik perlu ditata lan supaya ngangkat pinituwa-pinituwa ing saben kuta, kaya sing wis tak welingaké marang kowé.