Zechariah 1:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane sira kandhaa marang wong-wong iku: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Sira padha mratobata marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa dumadi, -- Ingsun banjur bakal mbaleni sira. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané kowé ngomonga marang wong-wong kuwi: Tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi: “Kowé pada mratobata marang Aku”, mengkono tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi: “Aku terus bakal mbalèni kowé”, mengkono tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi.