Zechariah 1:4 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sira aja padha kaya para leluhurira, kang wus padha dipituturi dening para nabi ing maune mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Sira padha ngundurana lakunira kang ala lan pokalira kang duraka! Nanging padha ora gelem ngrungokake sarta padha ora mreduli marang Ingsun. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé aja pada kaya para leluhurmu, sing wis pada dipituturi karo para nabi mbiyèn mengkéné: Tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi: “Kowé pada mundura sangka mlakumu sing ala lan pokal-gawému sing duraka! Nanging pada ora gelem ngrungokké lan pada ora perduli marang Aku,” mengkono tembungé GUSTI.