Zechariah 12:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing wektu iku para gotrah ing Yehuda padha Sundadekake kaya anglo isi geni ana ing satengahe tumpukan kayu lan kayu obor kang murub ana ing satengahe gedhengan gandum; temahan geni loro-lorone iku nyalad ngiwa nengen marang sakehe bangsa ing sakubenge, nanging Yerusalem lestari ana ing panggonane lawas.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing waktu kuwi para turunané Yéhuda pada Tak dadèkké kaya anglo isi geni ing sak tengahé tumpukan kayu lan kayu ontyor sing murup ing sak tengahé bentèlan gandum; sak nalika geni loro-loroné kuwi nylomot ngiwa nengen marang sak kabèhé bangsa ing sak ubengé, nanging Yérusalèm tetep ing panggonané mbiyèn.