Zechariah 13:2 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iya ing wektu iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi -- Ingsun nyirnakake jenenge sakehe brahala saka ing nagara iku, nganti wong-wong padha ora eling marang iku maneh. Dalah para wong kang ngaku-aku nabi sarta roh reged bakal Sunbuwang saka ing nagara kono.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ya ing waktu kuwi, mengkono tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, Aku ngentèkké jenengé sak kabèhé brahala sangka negara kuwi, nganti wong-wong pada ora éling marang kuwi menèh. Uga para wong sing ngaku-aku nabi lan rohé sing najis bakal Tak buwang sangka negara kono.