Zechariah 14:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iki wewelak kang bakal kadhawahake dening Sang Yehuwah marang sakehe bangsa kang merangi Yerusalem: daginge wong-wong bakal dadi bosok ing nalikane isih ngadeg lan mripate bakal mlosoh ana ing growongane, mangkono uga ilate bakal dadi bosok ana ing cangkeme.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Iki bebendu sing bakal ditibakké karo GUSTI marang sak kabèhé bangsa sing merangi Yérusalèm: dagingé wong-wong bakal dadi bosok ing waktu ijik ngadek lan mripaté bakal bosok ing growongané, mengkono uga ilaté bakal dadi bosok ing tutuké.