Zechariah 14:21 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Apadene sakehe kuwali ing Yerusalem lan ing tanah Yehuda bakal padha dadi sengkeran kagem Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi; sakehe wong kang saos kurban bakal njupuk kuwali mau, kanggo nggegodhog. Ing wektu iku ing padalemane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal wus ora ana maneh wong kang dedagangan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Uga sak kabèhé wajan ing Yérusalèm lan ing Yéhuda bakal pada dadi sutyi kanggo GUSTI sing ngwasani langit lan bumi; sak kabèhé wong sing pasrah kurban bakal njupuk wajan mau, kanggo nggodok. Ing waktu kuwi ing griyané GUSTI sing ngwasani langit lan bumi bakal wis ora ana menèh wong sing dedagangan.