Zechariah 8:9 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Padha kuwatna atinira, he, para wong kang sasuwene iki padha krungu pangandika kang dilairake dening para nabi iku, wiwit nalika masang tetalesing padalemane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, nalika Padaleman Suci kaadegake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi mengkéné: “Pada kuwatna atimu, hé, para wong sing sak suwéné iki pada krungu tembungé sing diomongké karo para nabi kuwi, wiwit waktu masang dasaré griyané GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, waktu griya sutyi diedekaké.