Zephaniah 2:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan pepanthan kewan-kewan bakal manggon ing satengahe, yaiku sawernane kewan alasan; manuk cangak lan bango thonthong padha nginep ing krebiling sakane; manuk buntung bakal ngoceh ana ing cendhela, manuk gagak ana ing ngarep lawang: Pasangan blabag kayu eres wus kabukakan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan kumpulan kéwan-kéwan bakal manggon ing sak tengahé, ya kuwi werna-werna kéwan alasan; manuk darès lan manuk sing mangan batang pada nginep ing tyagaké lawang; bakal ngotyèh ora nggenah ing tyendéla lan ing ngarep lawang, pasangan blabak kayu tyemara wis dirusak.