Zephaniah 2:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Ingsun wus midhanget pamoyoke Moab, lan pangala-alane bani Amon, anggone memada marang umatingSun, sarta ngumukake awake tumrap wewengkone umatingSun iku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Aku wis krungu poyokané Moab, lan tembung ngèlèk-èlèk turunané Amon, enggoné nyepèlèkké marang umat-Ku, lan ngumukké awaké marang pangwasané umat-Ku kuwi.