Deuteronomy 31:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing wektu iku bakal padha katempuh ing mulad-mulading bebenduningSun lan bakal Suntilar kalawan ngaling-alingi wadananingSun, temah bakal padha kamangsa nganti entek lan katrajang ing bilai lan kasusahan akeh, nganti ing wektu iku padha duwe pangucap mangkene: Rak marga Gusti Allah ora ana ing satengah kita, anggon kita padha katrajang ing bilai lan karubedan tumpa-tumpa iki?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing waktu kuwi bakal pada katekan ing mulat-mulaté nesun-Ku lan bakal Tak tinggalké karo ngaling-alingi praupan-Ku, nganti bakal pada kepangan nganti entèk lan keterjang ing tyilaka lan kasusahan okèh, nganti ing waktu kuwi pada nduwé tembung mengkéné: Awit Gusti Allah ora ing sak tengahé kita, enggon kita pada keterjang ing tyilaka lan kangèlan numpuk-numpuk iki?