bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Habakkuk 3
Habakkuk 3
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
1
Pandongané Habakuk, kidungé kaya kidung pesambat.
2
Duh GUSTI, kabar bab Panjenengan wis kula rungokké, lan kula wedi marang penggawéané Panjenengan, duh GUSTI! Penggawéané Panjenengan supaya Panjenengan lestarèkké ing njeruhné mlakuné taun, ya sak njeruhné mlakuné taun supaya Panjenengan gelaraké, ing njeruhné bendu-Né supaya gelem éling karo kawelasané!
3
Gusti Allah teka sangka negara Téman, lan sing Mahasutyi sangka pegunungan Paran. Kamulyan-Né nutupi sak ubengé langit, lan bumi kebak pamuji marang Panjenengané.
4
Ana sing sorot dadi semlorot, saraté semlorot ing sisihé, kuwi sing nutupi kekuwatan-Né.
5
Lara pès mlaku ing ngarepé, lan lara panas ngetutké mlakuné.
6
Panjenengané ngadek, bumi digawé gonjing, mripaté weruh mubeng, para bangsa pada pating jengirat karo kagèt, gunung-gunung sing wis ana wiwit mbiyèn pada remuk, puntuk-puntuk sing wis mbiyèn-mbiyèn anané pada dadi endèk; kaya mengkono mlakuné GUSTI sak abat-abat.
7
Aku weruh tarupé Kusan pada katekan ing kangèlan, tarup-tarupé negara Midian pada keder.
8
Duh GUSTI, apa marang kali-kali, apa marang kali-kali tekané bebendu Panjenengan kuwi? Apa marang segara Panjenengan nesu, nanging Panjenengan nganti numpak jaran lan kréta kemenangan Panjenengan?
9
Gendéwa Panjenengan wis Panjenengan pentang, wis Panjenengan pasangi panah. Bumi Panjenengan petyah dadi kali-kali;
10
gunung-gunung weruh Panjenengan, terus pada gemeter, banjir liwat karo swara gembrojok, segara nyuwara, lan ngangkat tangané.
11
Srengéngé, mbulan pada mandek ing panggonané, awit sangka semloroté jemparing-jemparing Panjenengan sing dityulké, lan awit sangka tyumloroté tumbak Panjenengan sing gemebyar.
12
Karo nesu enggèn Panjenengan mlaku ndlajahi bumi, para bangsa pada Panjenengan gebuk ing njeruhné bendu.
13
Panjenengan mlaku perlu mitulungi umat Panjenengan, ya mitulungi wong sing dijebati Panjenengan. Wuwungé omahé wong duraka Panjenengan remuk, dasarané Panjenengan brèngkal nganti watuné sing pungkasan.
14
Panjenengané nyubles karo panahé déwé, penggedéné suradadu ing ngamuk, arep mbuyarké kula karo surak-surak kaya-kaya arep nguntal wong sing ditindes karo meneng-meneng.
15
Karo jaran-Mu, Panjenengan mlaku ing segara, ya kumpulan banyu sing muntuk.
16
Waktu kula krungu perkara kuwi, gemeter ati kula, lambé kula ndredek krungu muniné; balung kula kaya-kaya pada klebonan bubuk, lan kula gemeter ing panggonan sing kula idak; nanging kula bakal karo ayem ngentèni dina tekané kangèlan, sing nibani marang bangsa sing grombolan nyerang kula.
17
Senajan wit anjir ora metu kembangé, lan wit anggur ora ana woh-wohé, wit saitun woh-wohé nggawé gela, senajan tegalan-tegalan ora ngetokké pangan, wedus pada metu sangka kandangé, lan ing kandangé ora ana sapiné,
18
nanging kula bakal surak-surak ing njeruhné GUSTI, bungah-bungah ing Gusti Allah sing ngluwari kula.
19
GUSTI, Gustiku kuwi dadi kekuwatanku: Panjenengané nggawé sikilku kaya sikilé menjangan, Panjenengané nglilani aku mlaku ing puntuk-puntukku. (Kanggo pemimpiné juru ngidung, ya kuwi karo swarané siter).
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
All chapters:
1
2
3