bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Nehemiah 1
Nehemiah 1
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 2 →
1
Sejarahé Néhémia, anaké Hakalya. Waktu nuju sasi Kislèw, ing taun sing kaping rong puluh, waktu aku ing kraton Susan,
2
Hanani salah-sijiné sedulurku terus teka karo wong liyané sangka tanah Yéhuda, terus pada tak takoni bab kahanané wong Ju, ya kuwi sing ora pada katut diukum, sing bisa utyul sangka mungsuh lan kahanané Yérusalèm.
3
Tembungé marang aku: “Wong-wong sing ijik manggon ing kono lan ora katut diukum kuwi pada banget ngrekasa uripé lan dadi tyatyatan. Témboké Yérusalèm wis kerusak lan gapurané wis pada diobong.”
4
Bareng aku krungu kabar mengkono kuwi, aku terus lungguh lan nangis lan susah atiku nganti pirang-pirang dina, uga aku pasa lan ndedonga ana ngarepé Gusti Allahé sing ngwasani langit.
5
Tembungku: “Duh GUSTI, Gusti Allahé sing ngwasani langit, Panjenengan kuwi Gusti Allah sing Mahaluhur lan medèni, sing nyekel perjanjiané lan katrésnané kanggo wong-wong sing pada nrésnani Panjenengané lan netepi pepakoné,
6
supaya kuping Panjenengan mbukak lan mripat Panjenengan supaya weruh, supaya ngrungokké pandongané abdi Panjenengan, sing kula omongké ing ngarepé Panjenengan awan lan wengi kanggo para abdi Panjenengan, wong Israèl, karo ngakoni dosa, sing wis pada kula lakoni marang Panjenengan. Uga kula uga brayaté kula ya wis pada nggawé dosa.
7
Kula pada wis kesalahan banget marang Panjenengan lan pada ora netepi pepakon, pernatan lan tatanan sing wis Panjenengan préntahaké marang abdi Panjenengan Moses.
8
Panjenengan supaya éling marang pitutur-pitutur Panjenengan sing wis Panjenengan préntahaké marang abdi Panjenengan Moses mau, ya kuwi: Yèn kowé pada laku nyasar, kowé bakal pada Tak buyaraké ing antarané para bangsa.
9
Nanging yèn pada mratobat marang Aku lan netepi lan nglakoni pepakon-Ku, senajan wong sak panunggalmu kuwi pada anaa ing pojokané langit, mesti pada Tak balèkké sangka kono lan Tak gawa menyang ing panggonan sing wis Tak pilih kanggo panggonané asma-Ku.
10
Wong-wong kuwi apa ora para abdi Panjenengan, ya umat Panjenengan sing wis Panjenengan luwari karo kwasané Panjenengan sing gedé lan tangan Panjenengan sing rosa.
11
Duh Gusti Allah, kuping Panjenengan supaya ngrungokké marang pandonga abdi Panjenengan lan pandongané para abdi Panjenengan sing karo sak kabèhé atiku ngabekti marang asma Panjenengan, lan abdi Panjenengan supaya olèh gawé ing dina iki lan olèha kawelasan sangka wong iki.” Ing waktu semono aku dadi juru ngombéné ratu.
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 2 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13