bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
1 Chronicles 25
1 Chronicles 25
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 24
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 26 →
1
Sateruse kanggo pangibadah Sang Prabu Dawud lan para panggedhening wadya-bala padha ngangkat para anake Asaf, para anake Heman lan para anake Yedutun. Iku padha medhar wangsit kalawan diiringi clempung, slukat lan kecer. Daftare para wong kang padha nindakake pagawean ing sajrone pangibadah iku mangkene:
2
saka anake Asaf yaiku Zakur, Yusuf, Netanya lan Arasela, para anake Asaf iku kapimpin dening Asaf, kang medhar wangsit kanthi pitedahe Sang Prabu.
3
Saka Yedutun yaiku anak-anake Yedutun: Gedalya, Zeri, Yesaya, Simei, Hasabya lan Matica, gunggung ana enem, iku katuntun dening bapakne, Yedutun, kang medhar wangsit diiringi ing clempung nalika ngrepekake kidung panuwun lan pepujian kagem Pangeran Yehuwah.
4
Saka Heman yaiku anak-anake Heman: Bukia, Matanya, Uziel, Sebuel, Yerimot, Hananya, Hanani, Eliata, Gidalti, Romamti-Ezer, Yosbekasa, Maloti, Hotir lan Mahaziot.
5
Iku kabeh padha anake Heman, juru sidike Sang Nata, manut janjine Gusti Allah kanggo ngluhurake singating kakiyatane; sabab Gusti Allah wus maringi anak marang Heman, lanang patbelas lan wadon telu.
6
Kabeh iku padha kapimpin dening bapakne manawa pinuju ngrepekake kekidungan ana ing padalemaning Sang Yehuwah diiringi ing clempung, slukat lan kecer kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah kalawan pitedahe Sang Prabu. Kaya mangkono iku bani Asaf, Yedutun lan Heman.
7
Cacahe karo para sadulure kang wus kagladhi ngidung kagem Pangeran Yehuwah -- kabeh iku padha ahli seni -- iku ana rong atus wolung puluh wolu.
8
Tuwa anom, guru lan murid, padha nguncalake undhi kanggo bubuhane.
9
Undhian kang kawitan tumiba marang Yusuf wong asaf; kang kapindho tumiba marang Gedalya karo sadulur-sadulure lan anak-anake, gunggung wong rolas;
10
Undhian kang katelu tumiba marang Zakur, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
11
kang kaping pat tumiba marang Yizri, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
12
kang kaping lima tumiba marang Netanya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
13
kang kaping nem tumiba marang Bukia, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
14
kang kaping pitu tumiba marang Yesarela anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
15
kang kaping wolu tumiba marang Yesaya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
16
kang kaping sanga tumiba marang Matanya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
17
kang kaping sapuluh tumiba marang Simei, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
18
kang kaping sewelas tumiba marang Azareel, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
19
kang kaping rolas tumiba marang Hasabya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
20
kang kaping telulas tumiba marang Subael, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
21
kang kaping patbelas tumiba marang Matica, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
22
kang kaping limalas tumiba marang Yeremot, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
23
kang kaping nembelas tumiba marang Hananya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
24
kang kaping pitulas tumiba marang Yosbekasa, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
25
kang kaping wolulas tumiba marang Hanani, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
26
kang kaping sangalas tumiba marang Maloti, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
27
kang kaping rongpuluh tumiba marang Eliata, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
28
kang kaping selikur tumiba marang Hotir, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
29
kang kaping rolikur tumiba marang Gidalti, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
30
kang kaping telulikur tumiba marang Mahaziot, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
31
kang kaping patlikur tumiba marang Romamti-Ezer, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas.
← Chapter 24
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 26 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29