bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
1 Corinthians 5
1 Corinthians 5
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 4
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 6 →
1
Pancen wong-wong padha krungu, yen ing antaramu ana kang laku jina, malah patrape laku jina mau, ora tau kalakon ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, yaiku ana wong kang ngalap somahe bapakne.
2
Ewadene kowe kok padha kumlungkung. Apa ora luwih becik kowe padha prihatin, sarta nyingkirake wong kang duwe pratingkah mangkono mau saka ing tengahmu.
3
Sabab aku, sanadyan ing tata lair adoh, nanging sacara rohani adu arep, aku kaya wis matrapi paukuman marang wong kang nglakoni mangkono iku.
4
Yen kita padha kumpul sajroning roh, kowe padha tetunggalan karo aku, kanthi daya kakwuatane Gusti Yesus, Gusti kita,
5
wong iku kudu kita pasrahake marang Iblis atas Asmane Gusti Yesus, satemah daginge rusak, supaya sukmane kapitulungana rahayu besuk ing dinane Gusti.
6
Ora becik gumunggungmu iku. Apa kowe padha ora sumurup, yen ragi sathithik iku rumasuk ing jladren kabeh?
7
Buwangen ragi kang lawas iku, supaya kowe padha dadi jladren kang anyar, sabab kowe rak pancen tanpa ragi. Awit Cempe-Paskah kita uga wis disembeleh, yaiku Sang Kristus.
8
Mulane payo kita padha pista, ora nganggo ragi kang lawas, ragi piala utawa duraka, nanging nganggo roti kang tanpa ragi, yaiku kaburusan lan kayekten.
9
Aku wis nulis ana ing layangku marang kowe, supaya kowe aja sesrawungan karo wong kang padha laku jina.
10
Kang dakkarepake iku ora karo kabeh wong kang laku jina ing jagad iki, utawa karo kabeh wong kang cethil sarta tukang ngapusi, utawa kabeh wong kang padha nyembah brahala, amarga yen ta mangkonoa kowe mesthi kudu padha metu saka jagad iki.
11
Nanging, anggonku nulis marang kowe iku mau mangkene: kowe aja nganti srawung karo wong, kang sanadyan wong mau ngaku sadulur, nyatane laku jina, cethil, nyembah brahala, gawene mitenah, seneng mendem utawa tukang ngapusi; kowe aja pisan-pisan mangan bebarengan karo wong kang kaya mangkono iku.
12
Sabab yen aku padha ngadili wong-wong kang ana sajabaning pasamuwan, iku aku migunakake wewenang apa? Kowe rak mung padha ngadili wong-wong kang ana ing sajroning pasamuwan ta?
13
Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.
← Chapter 4
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 6 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16