bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
2 Corinthians 13
2 Corinthians 13
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
1
Iki kang kaping telune anggonku nemoni kowe: Sahing prakara iku manawa wus ana katrangane saksi loro utawa telu.
2
Para wong kang ing wektu kang kapungkur padha nglakoni dosa, lan sakehe wong liyane, wus dakkandhani luwih dhisik lan bakal dakkandhani sapisan engkas -- saiki sajrone aku adoh karo kowe kabeh padha kaya nalika tekaku kang kapindho -- manawa aku teka maneh aku ora bakal ngeman sapa bae.
3
Marga kowe kapengin tandha yekti, yen Sang Kristus ngandika lumantar aku. Lan Panjenengane iku ora apes ana ing ngarepmu, malah nindakake panguwaose ana ing antaramu.
4
Sabab sanadyan Panjenengane wus kasalib marga saka kaapesan, nanging gesang awit saka panguwaose Gusti Allah. Pancen aku kabeh iki apes ana ing Panjenengane, nanging bakal padha urip bebarengan karo Panjenengane marga saka panguwaose Gusti Allah kanggo kowe.
5
Dadaren awakmu dhewe, apa kowe padha lestari dumunung ing pracaya. Titinen awakmu! Apa kowe ora yakin tumraping awakmu, manawa Sang Kristus Yesus dumunung ana ing kowe? Awit yen ora mangkono, kowe dadi tampikan.
6
Nanging pangarep-arepku, kowe bakal padha sumurup manawa dudu aku kang padha dadi tampikan.
7
Pandongaku marang Gusti Allah, supaya kowe aja nindakake piala, ora supaya aku padha katitika kanggo, nanging supaya kowe padha nglakonana apa kang becik, sanadyan aku dhewe katona padha kaya dadi tampikan.
8
Marga aku kabeh padha ora bisa nglakoni apa-apa kang nyulayani kabeneran, nanging kang bisa daklakoni yaiku kang cundhuk karo kabeneran.
9
Awit aku padha bungah, manawa aku apes lan kowe padha rosa. Dene kang padha daksuwun, yaiku supaya kowe dadi sampurna.
10
Yaiku sababe anggonku sapisan iki nulis saka ing kadohan, supaya manawa aku mengko ana ing antaramu, aku ora kapeksa tumindak kereng miturut wewenang kang kaparingake dening Gusti marang aku, kanggo mbangun, ora kanggo ngrusak.
11
Wasana, para sadulurku, padha bungaha, udinen supaya awakmu sampurna. Tampanana sakehing pituturku. Padha disarujuk, lan padha olaha atut-rukun, temahan Gusti Allah etuking sih katresnan lan tentrem-rahayu bakal nunggil karo kowe!
12
Padha sesalamana kalawan pangambung suci. Sakehe para suci kirim salam marang kowe kabeh.
13
Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, lan sihe Gusti Allah tuwin patunggilane Sang Roh Suci, anaa ing kowe kabeh!
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13