bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Deuteronomy 20
Deuteronomy 20
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 19
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 21 →
1
“Manawa kowe nglurug perang nglawan mungsuhmu, mangka kowe weruh ana jaran lan kreta, yaiku wadya-bala kang kehe ngungkuli kowe, kowe aja wedi, amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir iku nunggil karo kowe.
2
Anadene samangsa kowe arep padha mangsah perang, salah sijine imam banjur majua mituturana marang wadya-bala,
3
iku dikandhanana mangkene: He wong Israel, padha ngrungokna, kowe saiki arep perang nglawan mungsuhmu, atimu aja lembek, aja wedi, iya aja miris lan aja gumeter,
4
marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang tindak nyarengi lakumu lan nyarirani perangmu nglawan mungsuhmu, awit karsane arep maringi kaunggulan marang kowe.
5
Para panggedhe tumuli mituturana marang wadya-balane mangkene: supaya panunggalanmu kang mentas ngadegake omah anyar, nanging durung nganti ngenggoni, iku mundura, muliha menyang ing omahe, supaya manawa mati ana ing paprangan, aja nganti omahe mau dienggoni wong liya.
6
Lan sapa panunggalanmu kang mentas gawe pakebonan anggur, mangka durung nganti mangan wohe, iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya manawa mati ana ing paprangan, aja nganti wohe dipangan wong liya.
7
Lan panunggalanmu kang wus pacangan karo wong wadon, mangka durung nganti kaningkah, iku kena mundur mulih menyang ing omahe, bokmanawa mati ana ing paprangan, aja nganti wong liya kang ningkah.
8
Sawuse mangkono para panggedhe mau nyambungana pitembungane marang para prajurite mangkene: Sapa panunggalanmu kang wedi lan lembek atine iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya atine para sadulure aja nganti ajur luluh kaya atine wong iku.
9
Sawuse para panggedhene prajurit rampung anggone mituturi marang wadya-balane, banjur miliha tetindhihing wadya-bala kang padha ngirid lakune para prajurit.
10
Samangsa kowe nyedhaki salah sawijining kutha arep koktempuh, ing sakawit kowe ngajaka bedhamen.
11
Samangsa kutha iku gelem nampani pangajakmu bedhamen lan kowe diwengani gapura, sakehe wong isine padha dadekna wong nyangga karya kanggo kaperluanmu, lan sabanjure padha ngawulaa marang kowe.
12
Nanging manawa kutha iku ora gelem bedhamen karo kowe, malah kowe dilawan perang, kuthane nuli kepungen;
13
lan sawuse Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, masrahake kutha iku marang tanganmu, banjur sakehe wong isine kang lanang padha patenana kalawan landheping pedhang;
14
mung kang wadon lan bocah-bocah; kewane sarta sabarang kang ana ing kutha iku, yaiku jarahane kabeh, iku kena kokepek dhewe, lan jarahan saka mungsuhmu kang wus diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kena kokpigunakake.
15
Kaya mangkono kang kudu koktandukake marang sakehe kutha kang adoh banget prenahe saka ing panggonanmu, kang dudu panunggalane kutha-kuthane bangsa-bangsa ing kene iki.
16
Nanging kutha-kuthane bangsa-bangsa kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu, iku sakehe kang mawa ambekan aja ana kang kokuripi,
17
nanging tumpesen babar pisan, yaiku wong Het, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe,
18
supaya kowe aja nganti padha diwuruki niru marang sakehe jejember kang padha dilakoni kanggo allahe, temah kowe padha dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
19
Saupama anggonmu merangi sawijining kutha nganti suwe anggonmu ngepung arep kokrebut, wit-witan ing saubenge kutha aja kokrusak srana koktamani wadung; wohe kena kokpangan, nanging wite aja koktegori; wit-witan ing ara-ara iku rak dudu manungsa, dadi ora patut melu kokkepung.
20
Mung wit-witan kang wohe ora kena dipangan iku kena kokrusak lan koktegori, kanggo gawe pager pangepunganing kutha kang nglawan marang kowe, nganti kutha iku bedhah.” edit 1: fajar 13.12.01
← Chapter 19
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 21 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34