bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Joshua 16
Joshua 16
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 15
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 17 →
1
Sawuse mangkono kang undhiane oleh bani Yusup. Tapel-watese wiwit ing bengawan Yarden ing sacedhake kutha Yerikho, ing sawetane sumber-sumber ing Yerikho, ngancik ing ara-ara samun kang saka Yerikho munggah menyang ing pagunungan, menyang ing Betel.
2
Saka ing kutha Betel menyang ing Lus, terus menyang ing tlatahe wong Arki, menyang ing Atarot,
3
banjur mudhun mangulon menyang ing tlatahe wong Yaflet, tutug ing tlatah Bet-Horon ing lebak lan sateruse nganti tekan ing Gezer, lan anjog ing segara.
4
Iku tanah-pusaka kang ditampani bani Yusup yaiku suku Manasye lan suku Efraim.
5
Dene tlatahe bani Efraim miturut gotrahe iku mangkene: tapel-watesing tanah-pusakane iku ing sisih wetan wiwit ing Atarot-Adar tutug ing Bet-Horon ing tengger.
6
Mangulon watese iku metu ing salore Mikhmetat; tumuli nekuk mangetan menyang ing Taanat-Silo, saka ing kono terus nganti tutug ing sawetane Yanoah,
7
medhun saka ing Yanoah menyang ing Atarot lan Naharat notog ing dhaerah Yerikho lan banjur menyang ing bengawan Yarden.
8
Saka ing Tapuah wates iku banjur mangulon menyang ing kali Kana lan anjog ing sagara. Iku tanah-pusakane taler Efraim miturut gotrahe.
9
Sabanjure ana kutha-kutha kang ditetepake kanggo bani Efraim ana ing satengahe tanah-pusakane bani Manasye, kutha-kutha mau dalah desa-desane.
10
Nanging bani Efraim padha ora nundhungi wong Kanaan kang manggon ana ing Gezer, dadine wong Kanaan iku padha isih manggon ana ing satengahe suku Efraim nganti saprene, mung bae padha dadi kuli njangga karya.
← Chapter 15
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 17 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24